Suprise

Waosan: Yesaya 9:2-7; Masmur 96; Titus 2:11-14; Lukas 2:1-14, (15-20)

Tembung ‘surprise’ punika ateges kabar ingkang boten kanyana-nyana mbekta kabingahan agung. Padatan kabar punika pancen kadamel murih ingkang mirengaken punika saged njondhil kaget awit saking bingahipun. Temtu ingkang ngrancang ‘surprise’ punika sampun mangertos saderengipun kabetahan tiyang ingkang badhe nampi ‘surprise’ punika. Saengga sejatosipun anggenipun kaget punika awit sami ngraosaken bilih sadaya ingkang kaajeng-ajeng saged kalampahan sanalika. Mila sejatosipun kabar adi bab rawuhipun sang Juru Wilujeng punika ugi dados wujuding ‘surprise’ tumrap sadaya umat kagunganipun.

Kawiwitan saking waosan Yesaya ingkang ngandharaken bab pawartos kabingahan ingkang nuwuhaken surak mawurahan awit Gusti Allah sampun ngrawuhaken Ratuning Tentrem Rahayu ingkang badhe ngewahi suwasana prihatosing bangsa. Mila kabingahan punika badhe ndadosaken sajagad wradin ngraosaken sih kamirahanipun Gusti. Kanthi mekaten Juru Masmur ngundangaken timbalan kangge memuji kaluhuranipun Gusti murih sadaya peranging jagad saged tumut ngraosaken karahayon ingkang rawuh punika. Kanthi mekaten winih kangge ngrembakaken sikep gesang ingkang prayogi sampun katanem lan wiwit tuwuh dados tethukulan ingkang subur, bab punika kaandharaken rasul Paulus ing serat Titus dene sikep gesang anyar ingkang kebak pandamel sae sampun saged numusi kalampahanipun. Mila rikala carios Natal kawiwitan ing waosan Injil Lukas kanthi prastawa cacah jiwa, bab punika ngemu pasinaon bilih Gusti Allah badhe ngetang malih umat ingkang nandhang prihatos lan enggalan paring warta kabegjan ingkang wiwit kalampahan.

Lampahing Pengetan Wiyosan Dalem (Natal) ingkang sampun gumathok katindakaken saben tahun temtu asring ngicali ujubing gesang karohanen kita. Awit pakulinan ingkang ajeg punika asring ndadosaken sadaya ingkang katindakaken punika namung dados formalitas. Ewasemanten dinten punika kita sami kaemutaken bilih saben Pengetan Wiyosan Dalem, kita kacawisan ‘surprise’ tumrap gesang kita. Mila sumangga wiwit nyacahaken sadaya pangajeng-ajeng kita, hambok bilih Gusti Allah ngrawuhi gesang kita lan ngasta kabar bingah bab sadaya pangajeng-ajeng lan pandonga kita sadaya…Wilujeng mengeti Pengetan Wiyosan Dalem tahun 2011…Gusti mugi Berkahi kita sadaya..Amin. (DSP)

Andharan Panyuraos:

Natal tanpa pandonga lan pangajeng-ajeng temtu namung badhe dados Pengetan ingkang asipat formalitas. Awit kabar kabingahan bab Gusti Allah ingkang rawuh nunggil kalayan gesanging umat badhe karaosaken rikala kita sami ngantu-antu karawuhanipun. Manungsa punika winates kawontenan gesangipun, mila ing satengahing kawontenan punika estu mbetahaken karosanipun Gusti minangka pitulungan. Kanthi mekaten rikala kita sami estu ngantu-antu Gusti ing satengahing karingkihan kita, sanalika kita ugi badhe njondhil awit pawartos kabingahan ing Pengetan Wiyosan.

Pengetan Wiyosan sejatosipun ugi dados daya berkah tumrap sadaya umat. Awit piwulangipun ngandharaken bab Gusti ingkang mulung para tiyang ingkang nandhang kaprihatosan. Mila sejatosipun pengetan Wiyosan boten namung bab pahargyanipun kemawon ananging sikep nyata ingkang nagatingal rikala kathah tiyang ingkang sami nandhang prihatos kawilujengaken. Mila sasisihipun nyacahaken karawuhaipun Gusti ing gesang kita, sisih sanes kita ugi wiwit nyacahaken sadaya kaprihatosan ingkang tumanduk ing satengahing gesang padintenan kita. Uleman murih kabingahan ingkang kita tampeni dados kabingahan tumrap ngasanes ugi dados jejibahan kita. Sacara sosial boten namung kita ingkang nyandhang kabingahan ananging mekatena ugi jagad kedah nraosaken karahayon alantaran sadaya ingkang kita tindakaken dinten samangke lan salajengipun.

Tumrap pasamuan ing GKJ Baturetno, pengetan Wiyosan Dalem tahun punika dados pancasan murih kawontenaning pasamuan saya ngrembaka. Sesarengan kalayan suwasana Mangsa Pengetan Wiyosan (Natal) wonten panganjeng-ajeng murih peladosaning pasamuan saya ngrembaka alantaran timbalan Pamulang. Kita sami pitados bilih Pengetan Wiyosan tahun punika badhe mbekta ‘surprise’ peparingipun Gusti awit pasamuan badhe nampeni Pamulang anyar ingkang badhe mbiyantoni pakaryanipun Gusti saya wuwuh ing satengahing peladosanipun GKJ Baturetno. Mila sumangga Pengetan Wiyosan Dalem tahun punika dados kakiyatan anggen kita sami mbagun pangajeng-ajeng prayogi tumrap pasamuan GKJ Baturetno. Amin..

Pitakenan Panyuraos:

  1. Menapa ingkang dados kaprihatosan kita dinten punika? Kaandharna manut pasinaon panjenengan pribadi!
  2. Kadospundi anggen kita nyawang bab Gusti Allah ingkang rawuh ngasta kabingahan tumrap sadaya kaprihatosan kita kalawau? Kaaturan ngandharaken katrangan kanthi trewaca!

Pandonga:

Kadongakna murih sadaya umat saged ngraosaken kabar bingah ingkang kawedhar ing pengetan Wiyosan Dalem tahun punika. Kadongakna ugi tataran Timbalan Pamulang ingkang benjang Minggu, 01 Januari 2012 badhe nindakaken Pilihan Calon Pamulang ing GKJ Baturetno.

Leave a comment