Manjing

Yohanes 14:23-29

Tiyang menawi badhe mancing tawon madu padatan ngginakaken gedhokan kosong ingkang dipun isi kanthi gendhis jawi lan parutan klapa. Pirantos punika kadamel murih tawon madu punika ketarik lan purun manggen wonten ing gedhogan punika. Patrap kita ngrawuhaken pakaryanipun Gusti Allah murih saged manjing wontening gesang kita katrangaken alantaran waosan punika kanthi ngantepi piwulangipun sang Kristus.

Katresnan dumateng Gusti punika dados magnet tumrap karawuhanipun Gusti ing gesang kita. Malah kepara sadaya karahayon punika tuwuh rikala purun nglairaken katresnanipun Gusti ing gesang padintenan. Minangka pirantos, sang Roh Suci badhe ngrawuhi gesang kita, dados sarana kangge tetep nglestantunaken pambereging sabda ing saparipolah gesang kita.

Rikala glodogan menika sampun isi tawon madu, supados asiling madu punika saged ngrembaka, mila kita kedah nyawisaken tetuwuhan sekar murih tawon punika saged nyesep madu saking sekar punika. Pakaryaning sang Roh Suci nglestantunaken pambudi-daya wiwitan anggen kita sami nderek ing sang Kristus kados dene sekar ingkang nggegesang tawon madu punika. Mila mangga kita sami nyrantos karawuhanipun kanthi temen.

(DSP)

Panyuraos: Para Rasul 16:9-15

Ing dinten punika kita sami manggihi pakempalan hobbies ingkang ngrembaka ing satenging gesang padintenan. Wonten pakempalan para pemancing, pakempalan klub sepeda motor lan sapanunggalanipun. Lampahing pakempalan punika saged ngrembaka awit sami katunggilaken dening kareman (hobbies) ingkang sami.

Ing waosan punika, kita sami nyuraos, rasul Paulus lan kanca-kancanipun sami mbudidaya nunggil kaliyan pangibadahipun tiyang Yahudi rikala sami kekesahan ing nagri manca. Rikala sampun pinanggih, sami nderek ing pangibadah lan sami rerembagan sawetawis ngabaraken kabar Injil. Wonten saperangan tiyang ingkang sami ketarik ing pawartos punika mila lajeng ngaturi rasul Paulus rawuh ing griyanipun. Bab punika estu dados titikan, bilih sadaya ingkang sami nampeni sih rahmatipun Gusti gampil sanget mbikak wewengan panampinipun dados peranganing brayat.

Ing satengahing gesang karohanen kita, pakempalan panyuraos Kitab Suci sejatosipun saya nyaketaken pasedherekan ing gesang kita. Ewasemanten asring kita manggihi bilih pakempalan-pakempalan punika sepen ing karawuhaning warga. Pasedherekan ingkang sampun sami surut satrajuning kemajengan jaman dados pambengan lampahing pakempalan punika.

Pitakenan:

  1. Menapa ing satengahing gesang karohanen kita ugi pinanggih pakempalan-pakempalan ingkang ngrembaka?
  2. Ing pakempalan punika menapa ingkang dados jalaranipun? Lan menapa ingkang dados pambengan utawi malah kekiyatan panyengkuyung?

Pandonga:

Kadongakna lampahing pakempalan-pakempalan ing satengahing pasamuan murih sami regeng ing karawuhanipun warga, lan mugi dados sarana ngraketaken pasedherekan tumrap sadaya warganing pasamuan ing sang Kristus.

Salin Rupa

Para Rasul 11:1-18

Sawer punika salah satunggaling kewan ingkang saged salin rupa, kawastanan nglungsungi menawi kasebat ing basa umum. Anggenipun salin rupa punika njalari sawangan sacara kawadagan sinawang beda. Teksih kathah malih kewan ingkang saged salin rupa nilar kawontenan sakawit lan lumebet ing suwasana anyar.

Cariyos ing waosan dinten punika ngandharaken bab anggenipun Kekristenan nilar pakulinan laminipun minangka turuning panyuraos Agami Yahudi lan lumebet ing panyuraos anyar ngener ing piwulangipun sang Kristus. Pakulinan nedha tetedhan ‘kharam’ katilar murih saged nyrawungi tiyang Yunani saengga kabar Injil saya sumebar sumrambah dateng sadaya bangsa.

Prastawa wungunipun Sang Kristus ugi kedahipun ‘nyalini rupa’ kita sami murih sadaya tiyang saged ngraosaken berkah saking Gusti. Mila pitakenan kangge kita sami dinten punika, menapa kita purun sami ‘salin rupa’ anyar murih saged ngrawuhaken berkah Dalem Gusti dateng ngasanes?

(DSP)

Panyuraos:

Tresna atetales katresnanipun Gusti punika asring kawastanan tresna ‘agape’, ingkang tegesipun katresnan ingkang tanpa pamrih, kejawi pamrih kangge mbagekaken katresnanipun Gusti ingkang sampun kita tampeni. Mapanaken dhiri kita kadosdene sang Kristus pyambak punika ingkang lajeng badhe njalari patrap katresnan punika dados trena agape.

Ing waosan dinten punika, kita sami kawulang bilih diri kita punika menawi sampun ngrasuk dados muridipun sang Kristus temtu kedah nggambaraken kamulyanipun Gusti Allah. Patrapipun kados dene tiyang ingkang bibar nedha duren temtu badhe mambet sadaya peranganing badanipun saengga tiyang saged mastani bilih pyambakipun nembe bibar nedha duren. Minangka pandherekipun sang Kristus kita ugi kedah mambet “katresnanipun Gusti”.

Kathah tiyang mastani bilih malih ruoa kadosdene sang Kristus punika bab ingkang angel, temtu pancen mekaten. Ananging sejatosipun sanes bab ingkang mokal. Pirantos ingkang asring kita sami supe inggih punika anggen kita purun nandhang sangsara kadosdene sang Kristus lan nilar raos gumunggunging kamanungsan kita. Pamrihipun supados kita sami purun ngasoraken dhiri angger tiyang sanes kawilujengaken sesarengan kaliyan kita.

Minangka kekiyatan ingkang nyantosakaken, Sang Roh Suci ugi badhe dados ngrawuhi niat kita punika angger kita purun manut ing pangrehipun. Saengga patrap purun nandhang sangsara sesarengan kaliyan ngener ing pangrehipun Sang Roh Suci punika ingkang badhe nyagedaken kita nindakaken tresna agape.

Pitakenan:

  1. Kaaturan sami ngandharaken tuladha bab tresna Agape ing sakiwa tengen panjenengan!
  2. Menapa kita sampun nate nindakaken tresna Agape punika? Menawi dereng lajeng menapa pambengan kita rikala badhe nindakaken tresna Agape?
  3. Kadospundi pambudidaya kita supados saged nindakaken tresna Agape punika?

Pandonga:

Kaaturan ndongakaken supados para kagunganipun Gusti saged nindakaken katresnan Agape wonten ing saparipolahing gesang padintenan.

Gumregah

Para Rasul  9 : 36 – 43

Gumregah inggih punika ewah-ewahan rikala kita punika sekawit kendel lan mangu-mangu nanging lajeng sanalika tangi (njenggelek) lan wiwit nindakaken pakaryan ingkang dados sanggeman kita. Ing cariyos punika kita sinau bab Tabitha, salah satunggaling randha ing Yope ingkang gesangipun prayogi wonten ngarsanipun Gusti. Lelabetanipun tumrap tiyang-tiyang sakiwa-tengenipun sineksenan prayogi ugi, saengga rikala nandhang gerah lan dumugining seda kathah tiyang ingkang rumaos kecalan.

Tumrap lampahing Paskah, prastawa Gusti ingkang wungu estu ngandharaken pawartos bab dayaning pati (pepejah) ingkang sampun kawon. Patangenipun Tabitha ngandaraken bab punika. Sekawit Tabitha sampun kawentar dados kagunganipun Gusti ingkang gesangipun kaladosaken murih kaluhuranipun Gusti, ewasemanten patangenipun saya nggambaraken panguwaosipun Gusti Allah ingkang ngawonaken pepejah. Wiwitan wujuding pawartos ingkang kabekta ing gesangipun Tabitha punika bab kasaenanipun pribadi, ananging sanalika rikala katangekaken saking pepejah lajeng mbekta pawartos bab Gusti Yesus ingkang sampun nguwaosi pepejah. Sabibaripun katangekaken saking pejah, sugengipun Tabitha sampun katunggilaken kalayan paseksi bab sang Kristus ingkang sampun wungu saengga kesaenanipun kawengku ing sih Rahmatipun Gusti.

Sadaya tiyang nggadhahi kesagedan kangge nindakaken kesaenan (kebaikan). Ananging boten sedaya mengku patrapipun punika dados sarana tumrap misuwuring asma Dalem Gusti. Paskah tumrap kita mberek supados gumregah nindakaken kesaenan awit dipun wengku dening atur panuwun dumateng Gusti ingkang sampun nangekaken gesang kita. Saengga ingkang katingal sanes badan kita malih ananging sang Kristus ingkang sampun wungu.

(DSP)

Yohanes 10:22-30

Pitakenanipun tiyang Yahudi dumateng Sang Kristus tuwuh duk rikala sami mangu-mangu ing satengahing kaelokan ingkang pinanggih saben sang Kristus makarya. Tiyang-tiyang punika dereng saged nggathukaken sadaya pakaryanipun sang Kristus punika kalayan rancanganipun Gusti Allah ingkang milujrngaken jagad. Pawarta bab sang Mesias sejatosipun sampun kathah kaundangaken dateng pasamuan Yahudi, ewasemanten tiyang-tiyang punika taksih kepambeng nyawang Sang Kristus ingkang jejeripun namung piyantun saking Nasaret. Pawartos bab Gusti Allah ingkang kawartosaken lumantar pakaryanipun Sang Kristus dados kesaputan ing raos kirang pitados ningali asalipun sang Kristus.

Saben patrap mesthi mengku pamrih, ewasemanten rahayu saben tiyang ingkang patrap lan paripolahipun linandhesan pamrih murih asmanipun Allah kaluhuraken. Kadangkala kita asring angel mbedakaken patrap ingkang estu sae lan prayogi kagem luhuring asma Dalem Gusti. Satunggaling conto, menawi kita sami maringi arta dateng pengamen utawi tiyang ngemis, temtu menika dipun wastani patrap ingkang sae. Namunga mekaten rikala maringi punika boten mesthi kinanthenan panyuraos lan pandonga murih asma Dalem Gusti kaluhuraken ing gesang kita. Patrap sae ingkang dipun kanteheni pandonga sae temtu langkung nggegesang kawontenaning jagad.

Pangandikanipun Gusti wekdal punika ngemutaken kita sami bilih prastawa Paskah kedahipun saged ndandosi sikep gesang kita. Murih sadaya sikep gesang lan patrap karohanen kita kawengku ing panyuraos bilih Gusti ingkang wungu punika ngatingal ing saparipolah gesang kita. Punika dados piwulang tumrap jagad ingkang asring namung nyawang kawadagan sanes pirantos karohanen ingkang mbereg badan wadag kita nindakaken sadaya patrap gesang prayogi.

Pitakenan Panyuraos:

  1. Dedana dados patrap ingkang sae, namung pamrihipun asring beda-beda. Kaaturan ngaturaken patrap dedana ingkang winengku ing pamrih sae lan ingkang awon!
  2. Kadospundi patrap martosaken kesaenaning gesang kita, ingkang kedahipun kawengku ing pakaryanipun Gusti Yesus ingkang sampun wungu, saengga sanes kita ingkang katingal sae namun sang Kristus pyambak ingkang kaluhuraken?

Pandonga:

Kaaturan ndongakaken para pemimpin ingkang sami ngegungaken diri pribadi boten ngandharaken sikep sumarahipun dumateng Gusti. Lan ndogakaken supados warganing pasamuan estu saged martosaken kesaenanung gesangipun kagem luhuring asma Dalem Gusti.

Malik Grembyang

Para Rasul  9:1-6

 Paskah miturut pasinaonipun Saulus mulangaken sisih sanes saking Paskahipun para Sakabat. Awit Saulus punika kapetang tiyang ingkang pinunjul ing satengahing gesangipun para tiyang Yahudi. Piyambakipun dados muridipun Gamaliel, salah satunggaling Gurunipun tiyang Farisi ingkang kawentar duk rikala semanten. Prastawa sangsara, seda lan wungunipun sang Kristus boten ngirangi niatipun Saulus kangge mbesmi panyuraos ingkang nyimpang (ajaran sesat) manut pangertosanipun agami Yahudi resmi rikala semanten. Pambudidaya kangge mbesmi punika malah katindakaken kanthi lampahing “kekerasan”.

 Ewasematen, rikala dipun pepesaken kekiyatanipun dening sang Kristus, Saulus dados tiyang ingkang kawon. Sekawit dados tiyang ingkang pana ing panyuraos agami nanging sanalika dados tiyang bodho awit sang Kristus. Sekawit dados tiyang ingkang gadhah panguwaos ageng kangge nganiaya ananging sanalika dados tiyang ringkih ingkang mbetahaken pitulungan. Pepanggihanipun kalayan Gusti Yesus punika ingkang lajeng ngewahi Saulus dados Paulus, tukang ukum tumrap tiyang Kristen dados rasulipun Gusti Yesus ingkang “fanatik”.

 

Tumrap kita sami, kamanungsan kita hambok bilih sami kalayan Saulus duk rikala dereng pepanggihan kalayan sang Kristus. Namun menapa kita ugi saged ngalami ewah-ewahan ingkang “radikal” (malik grembyang-Jawa)? Menapa sadaya kumalungkunging kamanungsan kita sampun kakawonaken dening sang Kristus?

 

Bahan PA:

Yohanes 21:1-9

Manungsa punika anggadhahi panitipriksa mirunggan bab prekawis-prekawis ingkang nate kalampahan ing gesangipun. Wonten cathetan ingkang rumesep wonten sanubari kita ngengingi prekawis ingkang sampun nate kalampahan. Menapa malih menawi prekawis ingkang kalampahan ing wekdal kapengker punika sanget nandhes awit mbekta ewah-ewahaning gesang. Tuladhanipun, kita sami mesthi teksih gampil kemutan dinten wiwitan lairipun anak kita, wekdal neningkahan lan sanes-sanesipun. Saengga rikala ningali gambar foto ingkang sesambetan kaliyan prastawa punika badhe bekta panyuraos kita dateng jaman kapengker.

 

Ing waosan punika, rasul Petrus sakanca ugi kawangsulaken dateng pasinaon ing wekdal kapengker rikala sepisanan pepanggihan kalayan Gusti Yesus. Rikala pinanggih kaliyan Gusti Yesus ingkang sampun wungu, para Sakabat boten sami nyumerepi bilih ingkang sinawang punika estu Gusti Yesus. Ananging rikala sami dinawuhan ndawahaken jala ing tlaga Teberias lan pikantuk ulam kathah, nembe para Sakabat mangertos bilih ingkang dipun panggihi punika Gusti Yesus. Sanes bab kathahing asil pados ulamipun, ananging suwasana ingkang lumampah saemper kalayan dinten rikala para Sakabat tinimbalan punika ingkang ngemutaken para Sakabat dateng Gusti Yesus.

Bab ing ngajeng punika dados sarana anggenipun Gusti Yesus nganyaraken timbalan leladinipun para Sakabat malih. Sapengkeripun sang Kristus seda temtu para Sakabat sami katelasan pangajeng-ajeng, namung kanthi prastawa punika lajeng sami kaanyaraken malih niatipun para sakabat nindakaken timbalanipun Gusti.

Pitakenan:

  1. Kaaturan ngandharaken prastawa ingkang nate panjenengan alami lan ngewahi gesang panjenegan saengga nandhes panyuraosipun ngantos sapriki? Paringana tuladha ugi ing satengahing gesang karohanen!
  2. Menapa panjenengan ugi nate ngraosaken prastawa ingkang kalampahanipun kaambalan saemper kaliyan bab ing dinten kapengker?
  3. Pengetan Paskah ingkang saben-saben kaambalan menapa ugi gadhah pasinaon ingkang nganyaraken timabalanipun Gusti ing gesang panjenengan?

 

Donga:

Kasuwun ndongakaken warganing pasamuan miwah bangsa Indonesia murih sami kemutan dateng prastawa wiwitan ingkang ngulemi kita sami ing timbalanipun Gusti ngrawuhaken Tentrem Rahayu ing jagad punika.