Manjing

Yohanes 14:23-29

Tiyang menawi badhe mancing tawon madu padatan ngginakaken gedhokan kosong ingkang dipun isi kanthi gendhis jawi lan parutan klapa. Pirantos punika kadamel murih tawon madu punika ketarik lan purun manggen wonten ing gedhogan punika. Patrap kita ngrawuhaken pakaryanipun Gusti Allah murih saged manjing wontening gesang kita katrangaken alantaran waosan punika kanthi ngantepi piwulangipun sang Kristus.

Katresnan dumateng Gusti punika dados magnet tumrap karawuhanipun Gusti ing gesang kita. Malah kepara sadaya karahayon punika tuwuh rikala purun nglairaken katresnanipun Gusti ing gesang padintenan. Minangka pirantos, sang Roh Suci badhe ngrawuhi gesang kita, dados sarana kangge tetep nglestantunaken pambereging sabda ing saparipolah gesang kita.

Rikala glodogan menika sampun isi tawon madu, supados asiling madu punika saged ngrembaka, mila kita kedah nyawisaken tetuwuhan sekar murih tawon punika saged nyesep madu saking sekar punika. Pakaryaning sang Roh Suci nglestantunaken pambudi-daya wiwitan anggen kita sami nderek ing sang Kristus kados dene sekar ingkang nggegesang tawon madu punika. Mila mangga kita sami nyrantos karawuhanipun kanthi temen.

(DSP)

Panyuraos: Para Rasul 16:9-15

Ing dinten punika kita sami manggihi pakempalan hobbies ingkang ngrembaka ing satenging gesang padintenan. Wonten pakempalan para pemancing, pakempalan klub sepeda motor lan sapanunggalanipun. Lampahing pakempalan punika saged ngrembaka awit sami katunggilaken dening kareman (hobbies) ingkang sami.

Ing waosan punika, kita sami nyuraos, rasul Paulus lan kanca-kancanipun sami mbudidaya nunggil kaliyan pangibadahipun tiyang Yahudi rikala sami kekesahan ing nagri manca. Rikala sampun pinanggih, sami nderek ing pangibadah lan sami rerembagan sawetawis ngabaraken kabar Injil. Wonten saperangan tiyang ingkang sami ketarik ing pawartos punika mila lajeng ngaturi rasul Paulus rawuh ing griyanipun. Bab punika estu dados titikan, bilih sadaya ingkang sami nampeni sih rahmatipun Gusti gampil sanget mbikak wewengan panampinipun dados peranganing brayat.

Ing satengahing gesang karohanen kita, pakempalan panyuraos Kitab Suci sejatosipun saya nyaketaken pasedherekan ing gesang kita. Ewasemanten asring kita manggihi bilih pakempalan-pakempalan punika sepen ing karawuhaning warga. Pasedherekan ingkang sampun sami surut satrajuning kemajengan jaman dados pambengan lampahing pakempalan punika.

Pitakenan:

  1. Menapa ing satengahing gesang karohanen kita ugi pinanggih pakempalan-pakempalan ingkang ngrembaka?
  2. Ing pakempalan punika menapa ingkang dados jalaranipun? Lan menapa ingkang dados pambengan utawi malah kekiyatan panyengkuyung?

Pandonga:

Kadongakna lampahing pakempalan-pakempalan ing satengahing pasamuan murih sami regeng ing karawuhanipun warga, lan mugi dados sarana ngraketaken pasedherekan tumrap sadaya warganing pasamuan ing sang Kristus.

Leave a comment